Januari 14, 2020

Pitutur Luhur ing Crita Wayang

Pitutur luhur ing Crita Wayang 

     Wayang dumadi saka tembung "yang" utawa "hyang" antuk ater-ater wa-. Tegese roh kang biasa gawe beja cilakaning manungsa. Wayang iki gegambaran watak lan jiwaning manungsa.

A. Maca lan nanggapi teks wayang
      Gatekna pethilan teks wayang ngisor iki!

Dewi Kunthi

     Miturut kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta kan Dewi Prita, yaiku kalebu putri sing kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi nduweni sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.

(Crita bacute bisa kawaka ing  kabeh bisa basa Jawa, kaca 92-94)

Shinta Kadhusta

      Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangedering cancut mlanjeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan Kalasan garwa mayangsari.
      Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, Ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katinggal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhung ing kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.

(Crita bacute bisa kawaka ing kabeh bisa basa Jawa, kaca 95-96)

B. Nemokake tuntunan ing teks wayang

    Tuntunan ing teks wayang Dewi Kunthi, yaiku manungsa kudu bisa ngugemi janji, luwih becik menawa urip ayem tentrem nengenake paseduluran.
    Dene tuntunan ing teks wayang Sinta Kadhusta, yaiku manungsa aja gampang kapilut, kudu ngugemi janji, sarta Setya.

C. Mbedhah perangane teks wayang

    Paraga Dewi Kunthi nduweni wateg kang welas asih lan tresna, semana uga wateg paraga Sinta.

D. Nulis Sinopsis Wayang 

    Urut-urutane nulis Sinopsis
  1.  Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum penulis.
  2. Nyathet gagasan utama kanthi nggaris ngisor gagasan-gagasan kang wigati/penting.
  3. Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan sing wis dicathet mau, banjur tulisen nganggo ukara kang cekak, gamblang, efektif miturut crita asline.
  4. Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae.
  5. Ringkesan/sinopsis cerkak ora kena mimpang saka lakune crita lan isi crita  cerkak asline.

Sumber   : Suyitno - L. Yuyun Dian Susanti - Irawan H.G.
Buku        : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 
Kelas        : X SMA/SMK/MA K.13 
Penerbit  : Yudhistira